Tentang Aku, Kamu, Kalian Semua dan Sahabat ( Semua Tentang Kita )

Kamis, 01 Desember 2016

Langkah-langkah nulis artikel Bahasa Jawa

Langkah-langkah nulis artikel :
1.     1.  Nemtokake topik, tema, lan tjuane nulis artikel
Tema, yaiku pokoke pirembugan kang bakal dijlentrehake ing wacana.
22. Ngrumusake irah-irahane artikel
Irah-irahan,yaiku jeneng kang diwenehake kanggo artikel utawa nduweni fungsi kanggo promosi supaya nggugah kawigatene wong kang maca lan bisa uga dadi gambarane isi artikel.
3.      3. Gawe susunan karangan artikel
Yaiku rencana kerja kang isine garis gedhene utawa intine
4.      4. Ngumpulake bahan utawi dhata
Antul dhata bisa kanthi cara maca bahan acuan, nglaksanakake wawancara, utawa pengamatan lapangan.
5.      Ngembangake kerangka artikel
5. Ngembangake kerangka artikel bisa migunakake pola pengembangan urutane pamecahan masalah kang dibentuk saka telung perangan:
a.       Deskripsi babagan sawijining masalah kang bakal dirembug utawa dijlentrehake.
b.      Analisis marang sebab-sebab utawa akibat-akibat saka masalah iku.
c.       Alternatif-alternatif utawa kesimpulan kanggo pamecahane masalah.
6.      6. Cara penutup lan panyimpulan
a.       Panutup yaiku perangan artikel kang gunane manwa artikel iku wis rampung.
b.      Kasimpulan iku gunane kanggo panegesan (pemakananan) marang penjlentreh- panjlentreh sadurunge.
7.      7. Nyempurnakake artikel
Kang prelu digatekake nalika nyempurnakake artikel, yaiku;
a.       Ide kang dijlentrehake ing artikel wis trep apa drung.
b.      Sistematika panulisane wis bener apa prelu didandani maneh.
c.       Artikel iku ngaya wara utawa kecekaken.
d.      Basa kang digunakake wis apik apa during.
e.       Irah-irahane wis trep apa durung

Tuladha artikel;\
Ndhudhuk ndhudhah amrih Lestarine Budaya Jawa
Ing Bab Adat Tata Cara Pengantenan
Salah sijine adat tata cara pengantenan, yaiku siraman calon penganten. Sakdurunge acara siraman calon penganten putrid, sedina sakdurunge, sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu. Sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa awujud sendhang utawa sumur, dadi dudu banyu kali.
Sakwise calon penganten putrid dibusanani busana siraman, rambute diore, dikanthi mijilsaka kamar busana, sungkem caos bekti luwish dhisik marang para sepuh piniji (putri) kang lenggahe wis ditata sadurunge, jejer-jejer, urutan sing keri dhewe lenggahe ibu lan ramane calon penganten putri.
Sakwise sungkem pangabekti, calon penganten putrid tumuli dikanthi dening rama lan ibune manjing papan pasiraman. Calon penganten putri dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake. Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji, sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kanga rep dienggo siraman.
Sakwise banyu dicampur, Dhukun Penganten ngandani para sepuh putrid kang pinjil mbaka siji nyirami calon penganten, pungkasane rama lan ibune. Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor. Carane, kendhipratala sing isi banyu, banyune dicurake dening ramane kanggo wudlu tumprap calon penganten putrid sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo ibune, kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap “ Aku ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku”. Sakwise kendhi pecah, calon penganten putrid banjur diandhuki lan dibopong lumebu kamar busana dening rama lan ibune, pepindhane kaya digendhong kanthi kebak rasa tresna asih. 

1 komentar: